UPOCORO ADAT SURAN ING HASTONO WIDOROMANIS

UPOCORO  ADAT SURAN ING HASTONO WIDOROMANIS

 

Upocoro Suran ing Hastono Widoromanis mujudaken tradisi mungguhing wargo masyarakat Magersari ing Kampung Widoromanis, Jl. Krasak Barat, wilayah RT 16, RW IV, Kelurahan kotabaru, Kecamatan Gondokusuman, Kota Yogyakarta. Upocoro Suran puniko mapan wonten ing Hastono Kagungan Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Buwono ing Kraton Ngayojokarto Hadiningrat, ing Kampung Widoromanis.

  1. MULOBUKO :

Ing warso 1983 Masehi, utawi ing wulan Besar 1916 Jawi, utawi ing wulan Dzulkaidah 1404 Hijriah, wonten kempalan pamrayogi sarto panyaruwe saking paranporo lan poro nimpuno ingkang nggegulang ngelmi roso-rumongso kang tondhone ngrumangsani, paring pemut, makaten :

  1. Sing wong adoh-adoh wae isih podho ngurmati lan nglestarekke anane Pasareyan/Hastono Kagungan Dalem ing Widoromanis, lha kok margo Magersari sing wis diparingi kekucah mapan ono ing kono, malah podho ora nggatekke, rak jeneng kainan.
  2. Kanthi memangun tradisi wilujengan Suran, saget minongko sarono mangun kerukunan wargo Magersari kang wewaton Kabudayan Kraton Ngayojokarto Hadiningrat, inggih puniko : SAWIJI-NYAWIJI GOLONG GILIG AMEMANGUN GOTONG ROYONG, ingkang linambaran raos :
  • Kamardikan ingkang nengenaken tulung tinulung.
  • Raos sapodhopodho ngagengaken raos pasedherekan.
  • Tulus ingkang linambaran budi luhur tansah ngagem musyawarah samukawisipun linambaran ing agami.
  1. Tiyang ingkang winastan MULYO, ingkang puniko tiyang ingkang nggegulang dhumateng kasaenan kanthi tumindak sarto ndhedher kabecikan. Gusti bakal ngijabahi punopo ingkang dipun udi.

Tetiyang ingkang nampi pamrayogi lan panyaruwe puniko inggih puniko sedherek Madsahlan Ds soho sedherek Kas Iman Soekardjo, wargo masyarakat ingkang mapan wonten ing Kampung Widoromanis.

Kekalihipun tumuli manggihi Juru Kunci Pasareyan Widoromanis (Bp. Murdas Surakso Wirogo), nyuwun palilah badhe ngawontenaken Wilujengan Suran. Kanthi palilahipun Bp. Murdas Surakso Wirogo puniko, tumuli kabiwarakaken dhumateng wargo masyarakat sanesipun ingkang badhe tumut ngawontenaken Wilujengan. Sinengkuyung saperangan wargo Magersari, wilujengan dumados.

     Wonten ing warso 2005, dipun wonteni sarasehan kanthi paran poro sabdotomo Bp. Kyai Haji Abdul Muhaimin, saking pndhok pesantren Kotagede. Wonten ing warso 2007, Pendopo Magersari kagem ajang Simposium Budoyo saking Dinas Kebudayaan DIY, kanthi paranporo saabdotomo Bp. Ir. YuwonoSri Suwito, MM (Ketua Dewan Kebudayaan DIY) soho Bp. Drs. Moh. Damami, M.Ag (Pemerhati Budoyo Ngayojokarto Hadiningrat)

 

  1. INGKANG SUMARE :
  1. Eyang Sumedhang
  2. Ki Banyak Widhe
  3. Ki Wargopati
  4. Ki Sawung Galing
  5. Ki Gandhuruan
  6. Kanjeng Ratu Beruk
  7. R.Ay Sekar Tanjung

 

  1. LANDHESAN HUKUM :
  1. UUD NKRI BAB XIII, tentang Pendidikan, pasal 32 : Pemerintah memajukan kebudayaan Nasional Indonesia.
  2. Penjelasannya :

Kebudayaan bangsa ialah kebudayaan yang timbul sebagai buah usaha budidaya rakyat Indonesia seluruhnya. Kebudayaan lama dan asli yang terdapat sebagai puncak-puncak kebudayaan di daerah-daerah di seluruh Indonesia, terhitung sebagai kebudayaan bangsa. Usaha kebudayaan harus menuju kearah kemajuan adab, budaya dan persatuan, dengan tidak menolak bahan-bahan baru dari kebudayaan asing yang dapat mengembangkan atau memperkaya kebudayaan bangsa sendiri, serta mempertinggi derajat kemanusiaan bangsa Indonesia.

  1. Pembinaan dan Pengembangan Kebudayaan : oleh Dirjen Kebudayaan, Jakarta 1995.
  2. Pedoman Teknis Pembinaan Penghayat Kepercayaan terhadap Tuhan YME, oleh Drs. S. Sugiyo , 1996.
  3. GBHN yang berhubungan dengan Kebudayaan.
  4. Dimensi Budaya Spiritual dalam Masyarakat Jawa, Dit Bin Yat dan Bidang Jarah Nitra Kanwil Depdikbud, 1996.

 

  1. PERAN DEWAN KEBUDAYAAN KOTA YOGYAKARTA :

Komisi Adat Istiadat dan Tradisi DKK Yogyakarta, berkaitan dengan keberadaan komunitas budaya berupa Upacara Suran di Hastono Kagungan Dalem Widoromanis di Jl. Krasak Barat RT.16, RW.IV, Kelurahan Kotabaru ini mempunyai hubungan erat berkaitan dengan tugas-tugas DKK Yogyakarta, yakni :

  1. Membantu Dinas terkait untuk mengadakan pembinaan, pengembangan dan sosialisasi.
  2. Membantu melindungi, mengembangkan dan menanggulangi pengaruh negative.
  3. Mengadakan penelitian dan pembenaran nilai-nilai norma sosial dan spirityual.

 

  1. PERAN RSBTJ KOTA :

Tertuang dalam misi RSBTJ Kota yakni : melakukan upaya penggairahan kehidupan berbudaya yang sudah menjadi tradisi, melalui perbaikan kualitas para pelaku dan peningkatan tata kehidupan masyarakat yang memiliki jatidiri.

Jatidiri ini yang dimaksud adalah bersumber kepada Budaya Kraton Ngayojokarto, yakni : SAWIJI-NYAWIJI INGKANG GOLONG GILIG AMEMANGUN GOTONG ROYONG.

 

  1. WUSONO :

Upocoro Suran dados tradisi masyarakat Magersari lan masyarakat sakiwo tengenipun sarto masyarakat umum, langgeng ngantos titiwanci sapuniko Setu Pahing, 10 Suro Tahun Jemakir 1946, utawi 24 November 2012, utawi 10 Muharram 1434 Hijriah.

 

UBORAMPE UPOCORO ADAT SURAN

Uborampe Upocoro Adat Suran puniko ngemu suraos minongko wudhare gati, panyuwunan dhumateng Ngarso Dalem Gusti Allah ingkang kebak pangajeng-ajeng, kalampahing krenteng manah gegandhengan kaliyan cak-cakaning gesang kanthi sandi.

  1. Sego Gurih (sego rasul) digawe tumpeng
  2. Lawuh  (Ingkung ayam jago, dele, sambel, kemangi, kobis)
  3. Uborampe sanesipun : (Gedhang/pisang rojo setangkep, kinang, wajib (arto), sekar telon, minyak wangi cap srimpi, rujak degan, rokok kretek klobot, wedang moncowarno, ketan, kolak lan apem).

 

Mugi-mugi babad leluhur puniko saged kagem panguri-uri kabudayan kito sedoyo, maturnuwun.............

Agus Hariyadi